NYEKSO BATIN
Kesel atiku sabar ngerteni
Ngempet lara neng ati
Tresna karo koe, apa kudu larane
Nangis batin nganti kaya ngene
Wis dek, aku sing mundur
Ketimbang tak teruske
Tresnaku dadi tambah ajur
Jalin cintane bubrah
Rasa ati ra nggenah
Aku pengene pisah
Nanging sliramu wegah
Wis aku ra kuat
Aku tak sing minggat
Tresna iki ... dudu dolanan
Lara atiku ... ra karuan
Tresna sing suci, saikine tinggal janji
Tangise ati dadi ati
Ra kuat aku, nyiksa batin lan atiku
Trima mundur
Ketimbang dadi tambah lara
Lilakno aku ...
nyandhing tresna sing liyane
Isa nampa atiku apa anane
Wis dik ikhlasno aku
Mungkin dalane pisahan
Aku marang sliramu
Tresna iki tak pendhem
Sak jeroning ati
Ikhlas lahir batinku muga isa oleh ganti
njero dada, uwis nerima
Aku mung isa ndonga
Kowe gandheng lanangan liya
Aku tak sing lunga
Atiku lara
Tresna sing suci, saikine tinggal janji
Tangise ati dadi ati
Ra kuat aku, nyiksa batin lan atiku
Trima mundur
Ketimbang dadi tambah lara
Ra kuat aku
Nyiksa batin lan atiku
Trima mundur
Ketimbang dadi tambah lara
Lilakno aku ...
nyandhing tresna sing liyane
Isa nampa atiku apa anane

Tidak ada komentar:
Posting Komentar